pixabay.com
Daning Agus Pribadi
Nganggo basa Arab, Éyang Kamil maca
amalan—sekang kyainé—nggo nolak pageblug. Dhéweké nggoli maca karo mrebes mili,
nahan sepira susaéh atiné nanggung kahanan sing ana neng lingkungan sekitaré.
Biasané dhéweké ngimami salat ferdu neng langgar pérek umah—sing mamkumé tangga
teparo sekukuban kiwé tengen.
Bar maca amalan kuwé, Éyang Kamil
banjur ndonga—neng njero langgar, “Duh Gusti, inyong nyuwun pangapura dumateng
sekathahé dosa kula. Duh Gusti, mugi-mugi pageblug niki saged énggal-énggal
ilang saking bumi mriki.” Atine krasa lewih ayem, tenimbang sedurungé sing
krasa nggrungsang kayong wong kepéngin nginum ningén ora ana banyu.
Wektu semeno dina Jemuah, Éyang Kamil
nembé bali sekang sawah—sing ora patia amba, anu nggo hiburan semlebuné wektu pénsiun sekang guru agama,
ana wara-wara sekang mesjid keprungu nggentawang pisan, ningén nggawé nggrentes
atiné dhéwéké. Kepriwé ora nggrentes angger wara-wara kuwé ora cocog karo
kekarepan atiné sing wis biasa delakoni, yakuwé: yen lamona dina Jemuah kiyé
Takmir Mesjid ora nganakna Jemuahan, ningén deganti sembayang Duhur neng umaéh dhéwék-dhéwék.
Krungu wara-wara kaya kuwé, Éyang Kamil katon bingung pisan.
“Masya Allah, kepriwé mengko inyong
goli arep ngibadah sembayang Jemuah.” Dhéwéké mondar-mandir neng ngarep
langgar. Sedéla-déla dhéwéké ngocap, “Masya Allah…” nganggo nada dhuwur. Ora kliru,
angger atiné Éyang Kamil nggrentes kaya kuwé. Dhéwéké wis kawentar njaga banget
ngibadaéh. Angger lunga-lunga adoh mesti sing degoleti mesjid nggo
ngleksanakaken sembayang ferdu. Angger ésuk-ésuk ya nggoléti mesjid nggo
ngleksanakaken sembayang Subuh; angger awan Duhur, angger sore Ashar, angger
sandékala Maghrib, lan angger wengi Isya. Angger ana wong undang-undang
kepungan bar maghrib ya dhéwéké kadang ora teka—dhéwéké lewih ngutamakna
ngimami sembayang Isya neng langgar, utawa angger teka ya dhéwéké gugup gagéan
bali mbok nganti langgaré ora ana sing adan lan ngimami sembayang Isya.
Mas Budi, tanggane sing dadi guru,
ngomong, “Wonten napa, Éyang?” Dhéwéké nganggo masker, ningén keprungu ésih
cetha neng perungoné Éyang Kamil.
“Lha kae Mas Guru, mbok Njenengan ya
mireng wara-wara sekang mesjid, angger mengko ora ana Jemuahan. Kepriwé sih ya?
Ana apa ya? Mesjid koh ora olih nggo Jemuahan. Koh dénéng dadi kaya kiyé
kahanané, masya Allah.” Éyang Kamil kayong ora bisa nrima kahanan sing kaya kuwé.
“Mugi-mugi kahanan kados niki naming
sekedap, Éyang. Niki saweg pageblug prenyakit sing ora katon, ningén mbahayani.
Dadi wong-wong ora kena kumpul sing jumlaéh akéh, mergané prenyakit kiyé bisa
nyebar maring wong-wong sing padha kumpul—termasuk uga neng mesjid.”
“Masya Allah, mbokan wong arep
ngibadah ora papa, sembayang Jemuah kuwé ferdu, angger detinggal apamaning ping
telu utawané lewih, mbokan ora olih.”
“Enggih leres, Éyang. Niku angger kahanané
saweg normal, lha niki kahanané saweg darurat tumprap pemréntah. Pangapura
nggih Éyang, kula sih anu mboten patosa ngertos babagan agama.”
Mas Budi banjur mlebu maring umaéh
dhewek. Éyang Kamil ésih kayong wong bingung, ésih mondar-mandir neng ngarep
langgar. Bar kuwé banjur mlebu ngumah. Bareng metu sekang ngumah Eyang Kamil
wis keton gagah kaya biasané, nanggo klambi koko, sarung werna ijo, lan kupluk
werna ireng sing wis mandan njepluk.
“Lha rika arep maring ngendi, Kang?” Éyang
Putri sing neng mburiné takon.
“Inyong arep Jemuahan, kiye mbokan
dina Jemuah.”
“Lha mbokan ora ana wong Jemuahan.”
“Angger urung niliki dhéwék, inyong
urung marem, aja-aja neng mesjid anu akéh wong.”
“Ya nganah sing ngati-ati, kiyé
nganggo masker, Kang.” Éyang Putri ngulungna masker bujur werna ijo.
“Ya ngénéh.”
Éyang Kamil nganggo masker, banjur
mlaku kedimik-kedimik maring mesjid. Nyatané neng mesjid ora ana wong. Éyang
Kamil balik maning, banjur dhéwéké maring langgar. Dhéwéké adan ningen ora
nganggo pengeras suara. Éyang Kamil ngimami sembayang Duhur, makmumé bojone karo
tangga pérek antarané wong papat.
***
Dina-dina sing delakoni urung owah,
jamaah sembayang neng langgar uga suda, dadi ora patia akéh. Neng ngarep
langgar uga wis desogi tempat wijik lan sabun nggo wisuh tangan. Éyang Kamil ésih
katon nggrungsang agi dong dina Jemuah sing kaping loro, takmir mesjid ésih
tetep urung nganakna Jemuahan.
“Masya Allah, arep kepriwé uripé menungsa
angger kaya kiyé.”
Dina Setu ésuk Éyang Kamil nyetater
ubluké. Dhéwéké niat arep maring goné kyainé, arep njaluk pepadhang kepriwé
ngadepi kahanan sing kaya kiyé.
Bali sekang nggone kyainé, Éyang Kamil
katon lewih bungah nimbang sedurungé. Éyang Kamil olih pengertén akéh sekang
kyainé.
“Tulisan kiyé kudu sering dewaca,” Éyang
Kamil nyodorna foto kopian tulisan arab karo artiné maring bojoné.
Inyong
duwé lima
jagoan sing maén-maén. Nganggo lima jagoan kuwé, tek sirep panasé pageblug sing murub kiyé.
Jagoan-jagoané yakuwé: siji, Sayyidinah Musthofa Rosulillahi
Muhammad SAW; loro, Sayyidinah Murtadlo Ali bin Abi Tholib Karomallohu wajhah;
telu, Sayyidina Hasan r.a.; papat, Sayyidina Husain r.a; lima, Sayyidatina
Fatimah binti Rasulillah SAW…
“Angger maca kiyé, terus ndonga
maring Gusti Pangéran, moga-moga pageblug kiyé bisa cepet lunga sekang bumi ngkéné.”
“Amiin,” Éyang putri ngamini, “ningen
ya detambah karo njaga kebersihan, lan nganggo masker angger lunga-lunga.”
Éyang Kamil manthuk.[]
Banyumas, 14 April 2020
Agus Pribadi lair neng Purbalingga, 10 Mei 1978.
Ngrampungna sekolahe neng Universitas Jenderal Soedirman (Unsoed) Purwokerto. Makarya
dadi guru SMP neng salah siji sekolah sing ana neng Purbalingga. Manggon neng
Desa Karangtengah, Kecamatan Kembaran, Banyumas. Buku kumpulan cerkak karyane
sing wis terbit judule “Doresani” (2018).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar